tingkeban (adat Jawa)

Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7).
Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu
nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancasé
kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa
kanggo sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah
tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.


Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe
raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene
wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses
pangriptane manungsa iku wis nyata lan
sampurna ing sasi kaping 7. Reroncen acara
kanggo upacara mitoni iki luwih akeh
tinimbang upacara ngupati. Urut-urutane yaiku
siraman, nglebokake endhog pitik kampung
ning njero kain calon ibu dening calon bapak,
salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa
gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan
benang (janur), mecahake wajan lan gayung,
nyolong endhog lan pungkasane yaiku
kendhuren. Acara siraman mung dianakake
kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut
adat Jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina
sing temenan apik yaiku dina Senen awan
nganti mbengi utawa dina Jemuah awan nganti
mbengi.

Rangkeyan Acara Rantaman adicara kanggo
upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang
upacara ngupati, urut-urutan yaiku siraman,
nglebokake endhog pitik kampung ing njero
kain calon ibu dening calon bapak, salin
rasukan, brojolan nglebokake cengkir klapa gadhing, medhot lawe utawa lilitan benang
janur, mecahake wajan lan gayung, nyolong
endhog lan pungkasan kendhuri kendhuren.
Acara siraman namung dianakake kanggo
mitoni anak mbarep.

Wektu Miturut adat Jawa mitoni iku kudu
diadani ing dina sing temenan apik yaiku dina
Senen awan nganti mbengi utawa uga dina
Jemuwah awan nganti mbengi, saderengipun
wulan 'purnamasidhi'.

Posting Komentar